Minggu, 17 Januari 2010
MEH DIGUSUR,PKL KARTINI KETAR KETIR

SEMARANG-Senot Puji-Senajan ketar-ketir mergo ono kabar arep dipindah nangging poro PKL Kartini Semarang saiki ngaku rodo ayem.Iki mergo anane dukungan seko masyarakat marang poro PKL ning dalan iki.Dukungan iki diwujudke masyarakat kanthi mbubuhke tanda tangan ning spanduk sing dipasang nggon patang titik ning daerah kene.Spanduk sing tulisane dukungan masyarakat terhadap keberadaan PKL iki jare Ketua Paguyuban Pesona Pedagang Burung Semarang,Wahyudi,dadi bukti yen anane PKL iki diperlokke masyarakat.Opo maneh dukungan iki orang mung seko masyarakat sakkitar, nangging ugo wong seko luar kota sing do tuku ning pasar manuk Karimata.Dukungan iki diwujudke kanthi nandatangani spanduk sing dipasang ning patang titik.Anane spanduk iki dikarepke supoyo Pemkot Semarang ora asal main bongkar PKL iki artine ora mergo poro PKL iki mbalelo nangging poro PKL iki ugo kepingin ono solusi sing jelas.Yen wis ono panggonan relokasi sing koyok dikarepke poro PKL iki ngaku ora kabotan yen dipindah.Sakwene poro PKL Kartini ngaku ngantek saiki digawe mumet karo pernyataan-pernyataan jajaran pemkot ning media sing intine ngarepke supoyo PKL Kartini digusur.(jebere roy)

Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia