Senin, 18 Januari 2010
TARUPOLO TETEP DIEKSEKUSI

SEMARANG-Endah Arif-Dinas Pendapatan  dan Pengelolaan Aset Daerah utowo PPADJateng tetep arep ngesekusi pekso warga sing manggon ning Tarupolo Semarang Barat pertengahan Februari mengko.Dinas PPAD dhewe ora arep ngundakke kompensasi koyokdene sing dijaluk poro warga Tarupolo.Kepastian kuwi disampekke Kepala Dinas PPAD Jateng, Sri Hardjanto.Harjanto njelaske yen pihakke sih ngekki toleransi marang warga Tarupolo ngantek akhir sasi iki.Yen tetep ora gelem pindah pertengahan februari kepekso dilakokke eksekusi pekso.PPAD ugo nyaranke marang warga Tarupolo supoyo ndang njupuk duit tali asih ning kelurahan sing cacahe pitu setengah yuto rupiah.PPAD ora iso menuhi panjalukane warga Tarupolo sing pingin tali asih bongkar bangunan diundaki.Sakmono ugo bab tuntutan lahan relokasi ora iso dikabulke.Sakwise lahan iki kosong mengkone arep dibangun laboratorium bahasa.Kabare wis ono papat seko 68 warga sing nyatakke saguh ngosongke omahe.(jebere roy)


Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia