Senin, 18 Januari 2010
KOMPLEKS PEMKOT PEKALONGAN TERENDEM BANJIR

PEKALONGAN-Awan Negus-Udan deres sing kedaden wingi bengi ugo nyebke pirang-pirang kantor sing ono ning kompleks pemerintah kota Pekalongan kerendem banyu.Akibate pelayanan marang  publik dadi keganggu.Koyok sing ketok ning kantor dinas sosial Tenaga Kerja dan Transmigrasi iki,mergo udan sing kedaden minggu bengi iki nyebabke lokasi kantor iki kerendem banyu.Ngantek Senin awan banyu sih ketok lumayan duwur dadi nganggelke  poro pegawe lan warga sing pingin ngurus keperluan utowo mung sakdermo ndelok lowongan kerjo.Koyok sing dialami Taufan,20 taun, warga Noyontaan Pekalongan Timur iki, deke teko ning kantor Dinsosnakertrans nggo ndelok lowongan kerjo kepekso nglinting celanone ben ora teles.Sakwetoro Kepala Dinsosnakertrans Sri Wahyuni ngaku   yen banyu sing ngecembeng lan ora asat-asat iki pancen ngganggo pelayanan instansine marang publik sing pingin nggolek kertu kuning.Jarene Wahyuni banjir kedaden mergo drainase sing mampet ketutup bangunan anyar.Nggo ngatasi banjir iki, Sri Wahyuni rencanane arap ngejokke anggaran marang pemkot Pekalongan kanggo renovasi.(jebere roy)

Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia