Senin, 18 Januari 2010
BANYUMAS KENO ANGIN LESUS

BANYUMAS-Harsono-Udan angin sing kedaden wingi bengi ning Banyumas nyebabke puluhan omah rusak,siji antarane roto karo lemah.Omah duweke Karso iki langsung roto karo lemah sakwise  angin lesus nerjang kawasan  Grumbul Pecikalan kecamatan Wangon Banyumas,kabeh perabot ugo ancur.Senajan nggono Karso sih tetep nggoleki perabote sing sih iso difungsikke.Sakwetoro kuwi warga kanthi diewangi  relawan lan TNI AD seko batalyon 405 Surya Kusuma Wangon terus ndandani omahe warga sing rusak.Jare warga angin lesus sing wernone ireng lan nerjang wilayahe iki seko arah wetan.Kedadean iki ngagetke warga sing njur do mlayu nyelametke nyowone dhewe-dhewe.Wargangarepke bantuan nggo poro korban supoyo ndang teko.Seko catetan pihak posko penanggulangan bencana paling ora ono 34 omah sing rusak ringan, 12 rusak berat lan  siji omah roto karo lemah.(jebere roy)


 

Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia