Sabtu, 13 Februari 2010
GAJI GURU KUDU PODO UMR

SEMARANG-Senot Puji,Persatuan Guru Republik Indonesia utowo PGRI ndesek marang pemerintah pusat supoyo ndang nerbitke peraturan upah minimum regional utawa UMR pendidikan nggo guru swasta, kanthi anane peraturan UMR pendidikan iki dikarepke iso dadi acuan utawa standarisasi gaji guru swasta paling ora podo karo UMR utawa UMK kabupaten kota sing wis ono.Kekarepan iki disampekke sekretaris PGRI, Muhdi, nanggepi puluhan guru swasta seka pirang-pirang daerah sakJateng sing nggrudug DPRD Jateng nggo nuntut peningkatan kesejahteraan.Miturut Muhdi penyusunan standarisasi gaji nggo guru swasta kudu dilakokke merga tingkat kesejahteraane sih adoh sakngisore upah minimum kabupaten kota. Kamongko jenjang pendidikan guru swasta uga seka kalangan sarjana.Mulo PGRI njaluk marang pemerintah supoyo ndang nggawe acuan standarisasi gaji nggo guru swasta minimal saknduwure UMR utowo paling ora sakyuto rupiah saben sasine.Muhdi nambahke peningkatan kesejahteraan guru swasta ndesak dilakokke ngelingi sih akeh sing nampa gaji ora layak.Pihake bakal terus ngupayake ndesek pemerintah senajan nganti dina iki durung entuk tanggepan seka pusat.Koyok sing dingerteni gaji guru swasta saiki akeh sing mung nompo antarane 350 ewu lan 550 ewu saben sasine.Jumlah iki adoh banget yen dibandingke karo IMK kota Semarang sing jumlahe 900 ewu rupiah luwih.Mulo pemerintah kudu ndang nerbitke peraturan UMR pendidikan iki.(jebere roy)
 
 

Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia