Sabtu, 13 Februari 2010
PEMKAB KLATEN NGANCEM MEDOT KONTRAK

KLATEN-Nanik Hastuti,Bupati Klaten Sunarna ngancem arep medot kontrak kerjasama proyek pasar Pedan mergo PT DSB sing dipercoyo dadi pengembang dianggap nglanggar perjanjian.Sakwise kontrak kerjo iki dipedot pemkab Klaten ngaku siap ngambil alih pelaksana proyek pasar Pedan.Iki mergo PT Dewata Solusi Bangunan utowo PT DSB seng ngerjakke proyek pasar Pedan iki ngantek sasi nopember 2009 durung rampung malah molor ngantek saiki.Pemkab Klaten ngaku wis ngeki peringatan marang PT DSB bolak-balik supoyo ndang ngebarke proyek iki nangging peringatan iki ora tau digagas.Malah pemkab ugo wis ngeki wektu rong sasi yoiku nganti akhir Januari 2010 nangging jebul proyek iki ugo durung diapak-apake.Molore proyek pasar Pedan iki ora mung ngrugikke pemkab Klatem nangging ugo ngrugikke poro bakul sing ono ning pasar iki.Seko pantauan Kuthane Dhewe ning lapangan bangunan pasar Pedan sing wis daimbrukke roto karo lemah ngantek saiki sih arupo lemah lan durung ono pembangunan babar blas. (jebere roy)
 


Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia