Sabtu, 13 Februari 2010
PILKADA PEKALONGAN BAKAL MUNDUR

PEKALONGAN-Awan Negus,Senajan dino Sabtu iki (13/02) dino terakhir pendaftaran calon walikota lan wakil walikota Pekalongan nangging ngantek awan mau calon sing ndaftar lagi mung sak pasangan tok.Yen ngantek tengah wengi mengko sing tetep mung sakpasangan tok.Kemungkinan gede pilkada kota Pekalongan bakal diundur ngantek 90 dino mengarep.Penjelasan iki disampekke anggota KPU kota Pekalongan,Abdul Basir, marang Kuthane Dhewe sabtu awan.Jarene Abdul Basir yen ngantek tengah wengi mengko ora ono maneh calon sing ndaftar kejobo calon seko partai Golkar yoiku walikota lan wakil walikota incumben.Mulo proses tahapan pilkada kota Pekalongan bakal diulang seko awal.Iki artine calon perseorangan iso ndaftar maneh.Sakliyane kuwi ono kemungkinan ugo pasangan sing wis didaftarke yoiku walikota lan wakil walikota dipisahke utowo tetep nyalon bebarengan.Senajan nggono KPU ngarepke mengko detik-detik terakhir ono calon liyo sing ndaftar.Basir nambahke yen tahapan pilkada kudu diulang seko awal maneh bakal akeh konsekwensine antarane masalah anggaran,daftar pemilih tetap lan liya-liyane.Pasale iki kudu ngakomodir maneh poro pemilih anyar.(jebere roy)
 

Kembali ke index berita

PT TELEVISI SEMARANG INDONESIA
Gedung SCJ Lt. 5-6, Jl. H. Agus Salim, Semarang, Jawa Tengah
Telp: (024) 3558999/3515333

Copyright © 2009 tvborobudur.com. All rights reserved.
Comments & suggestions please email to: info@tvborobudur.com
Web developed by Citraweb Nusa Infomedia